Nama : Elfrida Claudia Novindi
Kelas :12 IPA 2
No. Abs : 07
SBI
Guru
: “Cah, ana kabar nyenengake kanggo awakedewe. Diluk engkas sekolah iki bakal
dadi Sekolah Bertaraf Internasional. Apa sing wis mbok siapne kangge nyambut
Sekolah Bertaraf Internasional iki? Coba Satria, sebutna.”
Satria
: “Kulo badhe sinau bahasa inggris engkang mempeng, supados pinter bahasa
inggris.”
Guru
: “Wah, cocok kuwi. Saiki, coba Faqih sebutna.”
Faqih
: “Nyiapaken yatra engkang kathah bu.”
Guru
: “La nyapo kok ngunu?”
Faqih
: “Amergi yen sekolah kita dados SBI mesti bayaripun luwih awis.”
Guru
: “Ngene lho Faqih, Sekolah Bertaraf Internasional iku artine sekolah iki padha
karo sekolah ing luar negeri.”
Faqih
: “Lek menurut kulo, SBI niku Sekolah Bertarif Internasional, sanes Sekolah
Bertaraf Internasional.”
Ngrungokne wangsulane Faqih, Ibu
Guru mung isa guyu lan ora isa wangsuli omongane Faqih.