Minggu, 13 November 2016

Guyon Mathon

Nama : Elfrida Claudia Novindi
Kelas :12 IPA 2
No. Abs : 07
SBI
Ing sawijining sekolah, ana salah siji guru sing arepe nguwehi pengumuman marang murid-muride.
Guru : “Cah, ana kabar nyenengake kanggo awakedewe. Diluk engkas sekolah iki bakal dadi Sekolah Bertaraf Internasional. Apa sing wis mbok siapne kangge nyambut Sekolah Bertaraf Internasional iki? Coba Satria, sebutna.”
Satria : “Kulo badhe sinau bahasa inggris engkang mempeng, supados pinter bahasa inggris.”
Guru : “Wah, cocok kuwi. Saiki, coba Faqih sebutna.”
Faqih : “Nyiapaken yatra engkang kathah bu.”
Guru : “La nyapo kok ngunu?”
Faqih : “Amergi yen sekolah kita dados SBI mesti bayaripun luwih awis.”
Guru : “Ngene lho Faqih, Sekolah Bertaraf Internasional iku artine sekolah iki padha karo sekolah ing luar negeri.”
Faqih : “Lek menurut kulo, SBI niku Sekolah Bertarif Internasional, sanes Sekolah Bertaraf Internasional.”

            Ngrungokne wangsulane Faqih, Ibu Guru mung isa guyu lan ora isa wangsuli omongane Faqih.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar