Nama : Elfrida Claudia Novindi
Kelas : XII IPA 2
No. Absen : 07
Titipan
Dumadak mripate Lisa
melek, dheweke eling yen dino iki senin, yaiku wayahe upacara. Lan tandha yen
dheweke kudu budhal isuk. Sak nalika dheweke langsung ngresiki awake banjur
budhal menyang sekolah. Sak durunge budhal Lisa ndeleng jam disek. Dheweke
kaget, mergo wis jam pitu kurang saitik. Sawise kuwi Lisa langsung nyalami
tangane ibune lan menyang garasi kanggo njipuk pedah onthel.
“Buk,
Lisa bidhal riyen. Assalamu’alaikum.” Pamite Lisa dening ibune.
“Ati-ati
Sa, ojo kesusu.” Pesene Ibune. Nanging Lisa ora nggatek, mergo eling yen saiki
wis jam pitu kurang saitik.
Mergo
ndeleng jam kuwi mau akhire nalika ing dalan Lisa kesusu, nganti meh nabrak
wong sing numpak pedah montor. Nalika ing dalan dheweke kaget, amarga ora
biasane yahmene embonge isih sepi. Nanging dheweke ora nggatek, lan nerusake
perjalanane menyang sekolah. Nalika teka sekolah dheweke tambah kaget, amarga kancane sak kelas sing
teka isih bocah telu.
“Ndengaren
Sa teka isuk.” Jarake Fani, kancane sak kelase.
“Kesambet
opo Sa?” Pitakone Fani maneh.
Lisa
ora jawab pitakone Fani, sawise teka kelas dheweke langsung lungguh lan nyawang
jam sing ning kelas.
“Oalah,
isih jam setengah pitu to? Tak kiro wis jam pitu kurang saitik.” Jare Lisa nalika ndeleng jam.
“Layakno
kok budhal isuk.” Jare Alfin.
Sawise
kuwi Lisa metu nang njaba kelas, dheweke kipas-kipas ngangge topine sing warna
abu-abu. Amarga sumuk, sawise ngontheli pedahe nganti ngos-ngosan. Dumadak
mripate Lisa merem, amarga ana angin sing liwat. Dheweke seneng pethuk angin,
amarga angin isa ngilangi sumuke, lan ngetokne ambekane teka lati sak
jeru-jerune.
Nalika
Lisa isih penak senden ing tembok, dumadak ana bocah sing mlaku nyedeki Lisa.
Lisa kenal karo bocah iku, kanca sak kelase nalika SMP, jenenge Dika. Dika
mlaku nyedeki Lisa karo gowo kembang mawar sak tangkep. Lisa nyawang Dika karo
mikir suwi.
“Gawe
apa Dika gowo kembang? Mosok diwehne pacare? Nanging dheweke ora nduwe pacar.”
Jare Lisa ing njero ati.
“Jenengmu
Lisa to?” Pitakone Dika nalika ing ngarepe Lisa.
“Iya.
Ana apa?” Jawabe Lisa.
“Iki
ana titipan teka Habib.” Jare Dika karo nguwehne kembang menyang Lisa.
Sakdurunge
Lisa takon, Dika wis ngaleh disek. Lisa bingung, amarga Dika kesusu ngaleh.
Dika lan Habib koncone nalika SMP, lan sak sekolah maneh nalika SMA saiki.
Nanging Lisa bingung, gawe opo Habib nguwehnene kembang kanggo Lisa, amarga sak
suwene urip Lisa ora tau diwenehi kembang karo arek lanang. Nalika Lisa isih
mikir, dumadak Fani metu lan ndeleng yen Lisa nyekel kembang.
“Isuk-isuk
wis entuk kembang Sa.” Jare Fani.
Lisa
nggur iso ngguyu, amarga Fani moro-moro menyang ngarep kelas.
“Teka
sopo Sa?” Pitakone Fani.
“Teka
Habib, nanging dititipake Dika.” Jawabe Lisa.
“Tenan
teka Habib? Menowo ae Dika ora wani omong langsung.”
Sawise
kuwi Lisa mikir, dheweke ora ngerti maksude Fani. Nganti ora kroso seminggu wis
kepungkur. Lisa panggah mikir omonge Fani lan panggah ora ngerti opo maksude.
Lisa nyerah, lan takon menyang Fani.
“Rumasaku,
Dika kuwi nguwenehi awakmu kembang amarga tresna karo awakmu, nanging dheweke
kuwi ora wani omong.” Jare Fani.
Nanging
Lisa isih ora percoyo karo omongane Fani, dheweke langsung tekon menyang Habib.
Lan jawabane padha.
“Dika
iku wis suwi seneng karo awakmu, nanging dheweke isin. Maleh jenengku sing
digawe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar